Hari ini :
You are not log in? >> Please Login

Howo Bengi Ing Ndesoku

pikiranku buyar keno sinare mbulan
apik banget sinare nganthi gawe tentreme atiku
suoro jangkrik nambahi howo bengi ing ndoyo iki


kopi lan telo godhokan seng dimasak ibu
dadi propertine aku lan konco-koncoku
opo maneh ditambah karo rokok lintingan gaweanku dewe
heeeee......jiiiaaan ndeso tenan

ambune lemah marine udan nambahi khas ndesoku
opo maneh lagu campur sari diputar nang radio kae
wehh wehhhh wehhh
uripku kok koyok rojo tenan
apik tenan desoku ing bengi iki....



Read On 0 komentar

Sugih Ati

"Sopo wong kang menakne kesusahane wong liyo, Allah bakal menakne sedulur ono ing ndonyo lan akherat" (H.R Muslim)
Ora gampang ngrasakne piye sejatine urip susah, kejobo wong kang katiban kesusahan urip. Namung mung siji loro wae seng mampu ngrasakke susahe wong liyo,yoiku wong sugih ati.

wong kang sugih ati masio ga sugih bondho, nanging upoyoni amprih nunjukne keprihatinane marang wong liyo. kosok baline, wong kang sugih bondho, nanging ora sugih ati ora bakal iso prihatin marang nasibe wong liyo yo iku wong kang urip ono ing kasusahan
wong sugih ati iku paling ora bakal oleh rong perkoro penak yaitu ingkang kaping pisan bakal penak uripe ono ing ndonyo,kaping loro pahala kebecikan kuwi bakal mbantu awake dewe mbesok pas ditimbang amale ono ing akherat.

ayo sedulur kabeh akeh-akehono anggone dongo marang gusti pengeran (Allah) supoyo awake dewe digolongake wong kang sugih ati.



Read On 0 komentar

Langit Mendhung Kutho Ngawi

Poro kadhang,poro sedulur kabeh iki lho salah sijine karyane putra pribumi teko tlatah
ngawi, iki ngono karyane dalang por seng wis kondang kae. poro sedulur kabeh disimak yo geguritan iki.

jeng,
tak tulis layang iki
naliko langit kebak mendung


gawang gawang katon lelakon kang wes kapungkur
naliko tak sawang netramu ing tegal papungan
tak laras pipimu ing watu kendal
lan tak geget latimu ing sendang glagah

ahhhhhh,
nanging ora jeng
jebul tresnamu cetek koyo kali kang kebak padas
ringkih koyo kayu gapok
garing koyo jati aking

aku wes ora duwe pangarep-arep maneh jeng

dalan ikiy mbiyen nate tak liwati
nalikane langit mendung kutho ngawi
sendang glagah wes kinurip jroning ati
saben liwat aku ora biso lali

tak ulati isih koyo wingi uni
ora kroso luh tumetes mbrebes mili

roso nglangut yen katon-pan tanpo pagut
katresnanku rinenggut purpaneng pesthi
Read On 0 komentar
 

About me | Author Contact | Powered By Blogspot | © Copyright  2008